Bismillahirrohmanirrrohim
Bab Kalam
Kalam inggih puniko pundi-pundi lafadz ingkang sampun
murokkab, mufid soho wadho'.
Lafadz : pundi-pundi suanten ingkang mengku salah
setunggalipun huruf hijaiyyah ingkang 28 (wolu likur). Nahwu Zaidun (zain, yak
soho daal-ipun lafadz Zaidun puniko mengku salah setunngalipun huruf
hiijaiyyah). Benten kaliyan suantenipun gendang, gong, gitar lan
lentu-lentunipun ingkang mboten mengku salah setunngalipun huruf hijaiyyah.
Murokkab : pundi-pundi lafadz ingkang sampun dipun susun /
jejer-jejer wonten kaleh lafadz sak peminggah. Sami ugi berfaedah utawi mboten
kados lafadz ; in qooma zaidun.
Mufid : pundi-pundi perkawis ingkang sampun maedahi kanti
sempurno. Seumpaminipun fi'il sampun nutur fa'il, mubtadak sampun nutur khobar,
syarat sampun nutur jawab. Walhasil tuerap mutakalim sampun mboten betah
tanglet maleh. Ewodene keterangan ingkang gegayutan kaliyan fi'il lan fail,
mubtadak lan khobar, syarat lan jawab bade katerangaken wonten ing bab ingkang
bade dumugi, insya Allah.
Wadho' : pundi-pundi lafadz ingkang sampun dipun sejo /
dipun niati bade ngucapaken lafadz puniko deneng tiang arab ( tiang ingkang
guneman ). Pramilo ucapanipun tiang ingkang nglindur, ayan, utawi tiang ingkang
supe puniko mboten dipun wastani wadho'.
Dundumanipun kalam puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko :
kalimah isim, kalimah fi'il,kalimah huruf.
Kalimah isim : pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna
piambakipun kalimah, naminipun tiang, utawi barang tur mboten sesarengan kalian
zaman utawi gampilipun dipun wastani KATA BENDA. Nahwu : zaidun (zaid), bakrun
(bakar), umarun (umar), baitun (rumah), madrasah (sekolahan).
Kalimah fi'il : pundi-pundi kalimah ingkang nedahaken makna
pendamelan (KATA KERJA).
· Menawi sesarengan kalian zaman madhi (zaman ingkang sampun
kliwat "waktu lampau" ) puniko dipun wastani fi'il madhi. Nahwu :
nashoro (menolong), dhoroba (memukul), jaa a (datang), madda (panjang).
· Menawi sesarengan kalian zaman chal (zaman ingkang saweg
dipun adepi/leksanani "masa sekarang") utawi zaman istiqbal (zaman
ingkang bade dipun leksanani "masa yang akan datang" ) puniko dipun
wastani fi'il mudhori'. Nahwu : yanshuru (sedang/akan menolong), yasyhadu
(sedang/akan menyaksikan), yamuddu (sedang/akan memanjang).
· Menawi sesarengan kalian zaman istiqbal tur tedah makna
perintah puniko dipun wastani fi'il amar. Nahwu : unshur (tolonglah), isyhad
(saksikanlah), ughzu (peranglah).
Kalimah huruf : kalimah ingkang waget nedahaken makna naliko
kempal kalian kalimah ingkang lentu. Nahwu : hal, fii, lam. Tigo huruf meniko
mbten nggadahi mana kejawi kempal kalian kalimah lentu. nahwu : hal qooma
(berdirikah?), fii baiti ihsanin (di rumah ihsan), lam yaqum (belum berdiri).
Kalimah isim
Tetenger/alamatipun kalimah isim puniko wonten 4 (sekawan)
inggih puniko :
1. I’rob Jer (harokat kasroh). Nahwu : ibnu zaidin(putra
zaid).
2. Tanwin. Nahwu : zaidun.
3. Majing/mlebetipun Al (alif lam). Nahwu : albaitu.
4. Manjing/mlebetipun huruf jer (huruf ingkang waget
ndadosaken kasroh wonten akhiripun kalimah isim). Nahwu : filmasjidi (di dalam
masjid).
Keterangan : alif lam soho tanwin puniko mboten waget kempal
dados setunggal (menawi sampun wonten alif lam, mboten kenging dipun panjingi
tanwin) mekaten ugi sak wangsulipun.
Huruf jer (huruf ingkang waget ndadosaken kasroh wonten
akhiripun kalimah isim) puniko wonten 10 (sedoso) inggih puniko :
1. Min (ngangge makna Ibtidak “kawitan”). Nahwu : sirtuminal
baiti (saya berjalan dari rumah)
2. Ila (ngangge makna Intiha “pungkasan”). Nahwu : sirtu
ilal masjidi (saya berjalan menuju masjid)
3. ‘an (ngangge makna Mujawazah “keliwat”). Nahwu : qumtu
‘anil kursiy (saya berdiri dari kursi)
4. ‘ala (ngangge makna Isti’la’ “ingatase”). Nahwu :
jalastu‘alal maq’adi (saya duduk di atas bangku)
5. Fii (ngangge makna Dhorof “ing dalem”). Nahwu : al maa u
fil kuuzi (air itu di dalam kendi)
6. Rubba (ngangge makna Taqlil “terkadang”). Nahwu : rubba
rojulin karimin laqoituhu (saya jarang berjumpa dengan seorang laki-laki yang
mulia)
7. Bi (ngangge makna Ilshoq “tetemu”). Nahwu :
marortubibakrin (saya berjalan bertemu bakar)
8. Ka (ngangge makna Tasybih “madaake”). Nahwu : zaidun kal
asadi (zaid seperti harimau)
9. La/li (ngangge makna Milkun “miliki”). Nahwu : alkitabu
lizaidin (kitab itu milik zaid)
10. Huruf qosam : huruf ingkang kangge perabot/perlengkapan
sumpah. Huruf qosam punko wonten 3 (tigo) inggih puniko : wawu, bak lan tak.
Ananging ketigo huruf puniko waget kangge sumpah kedah kagandeng kalian lafadz
Allah. Nahwu : Billahi, Wallahi, Tallahi (artosipun sami inggih puniko DEMI
ALLAH)
Kalimah fi’il
Tetenger/alamatipun kalimah fi’il puniko wonten 4 (sekawan)
inggih puniko :
1. Huruf Qod. Waget manjing wonten fi’il madhi lan fi’il
mudhori’. Menawi manjing wonten fi’il madhi, qod puniko nggadahi makna
estu-estu “benar-benar”. Nahwu : qod qooma amrun (amr benar-benar sudah
berdiri). Lan menawi manjing wonten ing fi’il mudhori’, qod puniko nggadahi
makna terkadang “kadang-kadang”/belum tentu. Nahwu : qod yaquumu zaidun (zaid
kadang-kadang berdiri)
2. Huruf Sin. Khusus manjing wonten ing kalimah fi’il
mudhori’. Sin ingkang manjing wonten kalimah fi’il mudhori’ puniko nedahaken
bilih pendamelan puniko bade kalampahan wonten ing dalem wekdal ingkang antawis
dangu. Nahwu : sayaquumu zaidun (zaid akan berdiri dalam waktu yang agak lama)
3. Huruf Saufa. Khusus manjing wonten kalimah fi’il mudhori’.
Saufa ingkang manjing puniko ndadosaken pendamelanipun fi’il mudhori’ langkung
dangu ketimbang sin. Nahwu : saufayaquumu zaidun (zaid akan berdiri dalam waktu
yang lama)
4. Huruf Ta’ ta’nits sakinah (ta’ yang mati). Khusus manjing
wonten ing fi’il madhi. Ndadosaken fi’il madhi puniko kedah dipun gandeng
kalian isim ingkang estri “perempuan”. Nahwu : qoomathindun (hindun sudah
berdiri). menawi dipun gandeng kalian kalimah isim jaler “laki-laki” mboten
kenging/tidak sah/tidak diperbolehkan. Nahwu : qoomat zaidun (zaid sudah
berdiri). Kalimah kados meniko mboten kenging/tidak diperbolehkan/salah besar.
Kalimah huruf
Tetenger/alamatipun kalimah huruf inggih puniko pundi-pundi
kalimah ingkang mboten patut/pantes menawi dipun panjingi tetenger/alamatipun
kalimah isim/fi’il. Nahwu : fii, ‘inda, laa. Fii, ‘inda lan laa puniko mboten
patut menawi dipun panjingi tanwin dados fiin, utawi qod dados qodfii, semanten
ugi huruf ingkang lentu.
Bab I’rob
I’rob inggih puniko : owah/malehipun akhiripun kalimah
keranten benten-bentenipun ‘amil ingkang manjing, sami ugi owah ing ndalem
lafadzipun Nahwu : jaa a zaidun, roaitu zaidan, marortu bizaidin. Utawi owah
ing ndalem perkiraanipun Nahwu : jaa alfataa, roaitul fataa, marortu bilfataa.
Dundumanipun I’rob puniko wonten 4 (sekawan) inggih puniko :
1. I’rob Rafa’, Nahwu : jaa a zaidun (zaid datang)
2. I’rob Nashob, Nahwu : roaitu zaidan (saya melihat zaid)
3. I’rob Khofadz (jer), Nahwu : marortu bizaidin(saya
berjalan bertemu dengan zaid)
4. I’rob Jazm, Nahwu : lam yaqum (tidak akan berdiri)
I’rob sekawan puniko ingkang waget manjing wonten ing dalem
kallimah isim puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko : I’rob rafa’, nahwu: zaidun
qooimun, I’rob Nashob, nahwu : roaitu zaidanlan I’rob khofadz (jer), nahwu :
marortu bizaidin.
Teras ingkang waget manjing wonten ing dalem kalimah fi’il
puniko ugi wonten 3 (tigo) inggih puniko : I’rob rafa’, nahwu: yaquumu, I’rob
nashob, nahwu : lan yaquuma lan I’rob jazm, nahwu : lam yaqum.
Bab Ma’rifat ‘Alamatil I’rob Rafa’
I’rob Rafa’ puniko nggadahi alamat 4 (sekawan) inggih puniko
:
1. Harokat Dhommah, nahwu : yanshuru zaidun (zaid
akan/sedang menolong)
2. Huruf wawu, nahwu : jaa a muslimuuna (orang-orang Islam
itu sudah datang semua)
3. Huruf alif, nahwu : jaa a rojulaani (kedua lelaki itu
sudah datang)
4. Itsbat nun (tetepipun nun), nahwu : yaquumani (mereka
berdua akan/sedang duduk)
Harokat Dhommah
Harokat Dhommah dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’ puniko
manggen wonten ing 4 (sekawan) panggenan. Inggih puniko :
1. Isim Mufrod inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang
nedahaken makna setunggal, sami ugi jaler utawi estri. Nahwu : zaidun “jaler”
(satu orang zaid), hindun “estri” (satu orang hindun)
2. Isim Jama’ Taksir inggih puniko pundi-pundi kalimah isim
ingkang nedahaken makna kathah kanthi ngowahi/ngerubah saking mufrodipun. Nahwu
: rijalun (laki-laki banyak) berasal sangking lafadz mufrod rojulun, hunuudun
(hindun banyak) berasal sangking lafadz mufrod hindun
3. Isim Jama’ Muannats Saliim inggih puniko setunggalipun
kalimah isim ingkang nggadahi makna estri kathah kanthi nambahi huruf alif lan
ta’ wonten akhiripun kalimah isim mufrod. Nahwu : muslimaatun (orang islam
perempuan banyak) berasal dari lafadz mufrod musllimun
4. Fi’il mudhori’ inggih puniko setunggalipun kalimah fi’il
ingkang sesarengan kalian zaman chal (sekarang) atau zaman istiqbal (yang akan
datang). Nahwu : yaquumu (dia (lk) akan/sedang berdiri), yanshuru(dia (lk)
akan/sedang menolong), yaftachu (dia (lk) akan/sedang membuka)
Huruf Wawu
Huruf Wawu dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’ puniko
manggen wonten ing 2 (kaleh) panggenan. Inggih puniko :
1. Isim Jama’ Mudzakkar Saalim inggih puniko setunggalipun
kalimah isim ingkang nedahaken makna jaler kathah tur mboten owah sangking
mufrodipun. Anggenipun ndadosaken jama’ mudzakar saalim puniko kantun nambahi
huruf wawu lan nun wonten akhiripun kalimah isim mufrod puniko. Nahwu :
Muslimuuna(orang islam laki-laki banyak) berasal sangking lafadz mufrod
muslimun
2. Asmaaul khomsah (Isim ingkang 5 (gangsal)). rupinipun
inggih puniko : abun (ayah), akhun (saudara laki-laki), chamun (paman), famun
(mulut), dzu (yang mempunyai). Dene syaratipun asmaaul khomsah waget dados
tetengeripun I’rob rafa’ inggih puniko kedah dipun mudhofaken (dipun gandeng
kalian kalimah lentu). Nahwu : jaa a abuuka wa akhuuka wa chamuuka wa
dzuumaalin wa fataha fuuka (ayahmu, saudara (lk) kamu, pamanmu dan orang yang
mempunyai harta sudah datang dan mulutmu sudah terbuka).
Huruf Alif
Huruf Alif dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’ puniko
manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan inggih puniko Isim Tasniyah :
setunggalipun kalimah isim ingkang nedahaken makna 2 (kaleh) sami ugi jaler
nahwu : zaidaani (dua zaid) utawi estri nahwu : hindaani (dua hindun)
Itsbat nun (Nun)
Itsbat nun (Nun) dados tetenger/alamatipun I’rob rafa’
puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan inggih puniko : kalimah fi’il
mudhori’ ingkang akhiripun kepanjingan syaik.
Dene rupinipun syaik inggih puniko ;
1. Dhomir alif tasniyyah (dhomir ingkang nedahaken makna 2
(kaleh)). Nahwu : yaquumaani (mereka berdua akan/sedang berdiri),
taquumaani(kamu berdua akan/sedang berdiri)
2. Dhomir wawu jamak (dhomir ingkang nedahaken makna
kathah). Nahwu : yaquumuuna (mereka semua akan/sedang berdiri), taquumuuna(kamu
semua akan/sedang berdiri)
3. Dhomir ya’ muannatsah mukhotobah (dhomir ingkang
nedahaken makna estri kanggenipun tiang ingkang dipun ajak guneman). Nahwu :
taquumiina (kamu (pr) akan/sedang berdiri)
Fi’il mudhori’ ingkang akhiripun pinanggih syaik puniko
dipun wastani Af’aalul khomsah (fi’il ingkang 5 (gangsal))
Nashob
I’rob Nashob puniko nggadahi alamat/tetenger 5 (gangsal)
inggih puniko ;
1. Harokat Fathah. Nahwu : lan anshuro zaidan (saya tidak
akan menolong zaid)
2. Huruf Alif. Nahwu : roaitu abaaka (saya mellihat ayahmu)
3. Harokat Kasroh. Nahwu : roaitul muslimaati (saya sedang
melihat orang islam (pr) banyak)
4. Huruf Yak. Nahwu : nashortu zaidaini/zaidiina (saya
menolong kedua zaid/zaid banyak)
5. Hadzfunnun (membuang nun). Nahwu : lan tanshuroo (kamu
(lk) dua tidak akan menolong)
Harokat Fathah
Harokat Fathah dados alamat/tetengeripun I’rob nashob puniko
manggen wonten ing 3 (tigo) panggenan, inggih puniko ;
1. Isim mufrod inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang
nedahaken makna setunggal, sami ugi jaler utawi estri. Nahwu : roaitu zaidan wa
hindan (saya melihat zaid dan hindun)
2. Isim Jama’ Taksir inggih puniko pundi-pundi kalimah isim
ingkang nedahaken makna kathah kanthi ngowahi/ngerubah saking mufrodipun. Nahwu
: roaitu rijaalanwa hunuudan (saya melihat lelaki banyak dan hindun banyak)
3. Fi’il mudhori’ ingkang kepanjingan ‘amil nashib (yang
dapat menashobkan kalimah fi’il) lan akhiripun mboten pinanggih syaik. Nahwu :
lan aquuma (saya tidak/belum berdiri)
Huruf Alif
Huruf Alif dados alamat/tetengeripun I’rob nashob puniko
manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; Asmaaul Khomsah
(isim ingkang 5 (gangsal)). Nahwu : roaitu abaaka wa akhooka wa chamaaka wa
dzaa maalin wafatahtu faaka (saya melihat ayahmu, saudara (lk) kamu dan orang
yang mempunyai harta dan saya membuka mulutmu)
Harokat Kasroh
Harokat Kasroh dados alamat/tetengeripun I’rob nashob puniko
manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko : Isim Jama’ muannats
saalim (isim jama’ ingkang tedah makna estri “perempuan”). Nahwu : roaitul
muslimaati (saya melihat orang islam (pr) banyak)
Huruf Yaak
Huruf Yaak dados alamat/tetengeripun I’rob nashob puniko
manggen wonten ing 2 (kaleh) panggenan, inggih puniko ;
1. Isim tasniyah inggih puniko setunggalipun kalimah isim
ingkang nedahaken makna 2 (kaleh) sami ugi jaler utawi estri. Nahwu : roaitu
zaidaini wahindaini (saya melihat dua zaid dan dua hindun)
2. Isim jama’ mudzakkar saalim inggih puniko setunggalipun
kalimah isim ingkang nedahaken makna jaler kathah tur mboten owah sangking
mufrodipun. Anggenipun ndamel isim puniko wonten ing I’rob nashob inggih puniko
kantun dipun tambah huruf yak lan nun wonten ing akhiripun kalimah isim mufrod
kanthi huruf yak pejah, sakderengipun huruf yak puniko dipun harokati kasroh
lan huruf saksampunipun huruf yak puniko dipun harokati fathah. Nahwu : roaitu
zaidiina wa muslimiina (saya melihat zaid banyak dan orang islam (lk) banyak)
Hadzfunnun (membuang nun)
Hadzfunnun (membuang nun) dados alamat/tetengeripun I’rob
nashob puniko manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ;
sedoyo fi’il ingkang wonten I’rob rafa’ dipun tengeri mawi tsubutunnun (nun).
Nahwu : lan yaquumaa (kedua lelaki itu tidak berdiri), lan yaquumuu (dia (lk)
banyak tidak berdiri), lan taquumuu (kamu semua tidak berdiri), lan taquumaa
(kamu berdua tidak berdiri), lan taquumuu (kamu semua tidak berdiri), lan
taquumii (kamu (pr) tidak berdiri)
Khofadz (Jer)
I’rob jer puniko nggadahi alamat/tetenger 3 (tigo) inggih
puniko ;
1. Harokat kasroh. Nahwu : marortu bizaidin (saya berjalan
bertemu dengan zaid)
2. Huruf yak. Nahwu : marortu bizaidiina (saya berjalan
bertemu dengan zaid banyak)
3. Harokat Fathah. Nahwu : marortu biahmada (saya berjalan
bertemu dengan ahmad)
Harokat kasroh
Harokat Kasroh dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko
manggen wonten ing 3 (tigo) panggenan, inggih puniko ;
1. Isim mufrod munshorif inggih puniko setunggalipun isim
ingkang nedahaken makna seunggal sami ugi jaler utawi estri ingkang kenging
dipun tanwin. Nahwu : marortu bizaidin (saya berjalan bertemu dengan zaid)
2. Isim jama’ taksir munshorif inggih puniko pundi-pundi
kalimah isim ingkang nedahaken makna kathah kanthi ngowahi/ngerubah saking
mufrodipun lan ingkang waget dipun tanwin. Nahwu : marortu birijaalin(saya
berjalan bertemu dengan beberapa laki-laki)
3. Isim jama’ muannats saalim inggih puniko setunggalipun
kalimah isim ingkang nggadahi makna estri kathah kanthi nambahi huruf alif lan
ta’ wonten akhiripun kalimah isim mufrod. Nahwu : marortu bilmuslimaati (saya
berjalan bertemu dengan beberapa orang islam (pr))
Huruf Yak
Huruf Yak dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko manggen
wonten ing 3 (tigo) panggenan, inggih puniko ;
1. Asmaaul khomsah (Isim ingkang 5 (gangsal)). Nahwu :
marortu biabiika wa akhiika wachamiika wa dziimaalin wa aftahtul baaba bifiika (saya
berjalan bertemu dengan ayahmu, saudara (lk) kamu, pamanmu dan orang yang
mempunyai harta dan saya membukakan pintu dengan mulutmu)
2. Isim tasniyah (isim yang mempunyai makna 2 (dua)). Nahwu
: marortu bizadaini (saya berjalan bertemu dengan dua zaid)
3. Isim jama’ mudzakkar saalim (isim yang mempunyai makna
banyak “lebih dari dua”). Nahwu : marortu bizaidiina(saya berjalan bertemu
dengan zaid banyak)
Harokat Fathah
Harokat Fathah dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko
manggen wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; isim ghoiru
munshorif (isim ingkang mboten nerimo tanwin) inggih puniko isim ‘alam
(naminipun tiang, kadosto ; Ibrohim, Isma’il), asma ‘ajam (bahasa ingkang sak
lentunipun bahasa arab, kadosto ; Iraq, mesir, Indonesia). Nahwu : marortu
biahmada (saya berjalan bertemu dengan ahmad)
Jazm
I’rob jazm puniko nggadahi alamat/tetenger 2 (kaleh) inggih
puniko ;
1. Sukun (mati). Nahwu : lam yaqum (saya tidak berdiri)
2. Hadzfu (membuang). Nahwu : lam yaquumaa (mereka berdua
tidak berdiri)
Sukun
Sukun dados alamat/tetengeripun I’rob jazm puniko manggen
wonten ing 1 (setunggal) panggenan, inggih puniko ; Fi’il mudhori’ ingkang
shohihul aakhir (huruf akhir fi’il mudhori’ puniko mboten rupi wawu, alif utawi
yak). Nahwu : lam yaqum (dia (lk) tidak berdiri), lam tanshur (kamu (lk) tidak
menolong).
Hadzfu
Hadzfu dados alamat/tetengeripun I’rob jer puniko manggen
wonten ing 2 (kaleh) panggenan, inggih puniko ;
1. Fi’il mudhori’ mu’tal akhir (fi’il mudhori’ ingkang
akhiripun rupi huruf wawu, alif utawi yak) puniko dipun tengeri mawi bucal
huruf ‘illatipun (wawu, alif lan yak) ingkang wonten akhiripun kalimah fi’il
puniko. Nahwu : lam yaghzu (dia (lk) tidak berkelahi) asalipun inggih punikko
lam yaghzuu, lam tarmi (kamu (lk) tidak sedang melempar) asalipun inggih
punikolam tarmii.
2. Af’aalul khomsah ingakng I’rob rafa’ dipun tengeri mawi
tsubutunnun (nun). Wonten ing I’rob jazm puniko dipun tengeri mawi hadzfunnun
(buang nun). Nahwu : lam yaf’alaa(mereka berdua tidak melakukan pekerjaan), lam
taf’alaa (kamu berdua tidak melakukan pekerjaan), lam yaf’aluu (mereka tidak
melakukan pekerjaan), lam taf’aluu (kamu semua tidak melakukan pekerjaan), lam
taf’alii (kamu (pr) tidak melakukan pekerjaan). Asalipun inggih puniko ;
yaf’alaani, taf’alaani, yaf’aluuna, taf’aluuna, taf’aliina.
Fashlun
Kalimah ingkang kenging dipun I’rob puniko wonten werni 2
(kaleh) inggih puniko :
1. Dipun I’rob mawi harokat
2. Dipun I’rob mawi huruf
I’rob mawi harokat
Kalimah ingkang dipun I’rob mawi harokat puniko wonten 4
(sekawan) inggih puniko ;
1. Isim mufrod
2. Isim jama’ taksir
3. Isim jama’ muannats saalim
4. Fi’il mudhori’ ingkang akhiripun mboten rupi syaik
Sedoyo kalimah ingkang kasebat wonten nginggil puniko I’rob
rafa’-ipun dipun tengeri mawi harokat dhommah, nashob mawi harokat fathah,
khofadz (jer) mawi harokat kasroh lan jazm mawi sukun kejawi kalimah tigo
wonten ing ngandap puniko ;
1. Isim jama’ muannats saalim nashob-ipun dipun tengeri mawi
harokat kasroh
2. Isim ghoiru munshorif (isim ingkang mboten nerimo tanwin)
khofadz (jer)-ipun dipun tengeri mawi harokat fathah
3. Fi’il mudhori’ ingkang akhiripun rupi ‘illat (huruf wawu,
alif utawi yak) jazm-ipun dipun tengeri mawi hadzfu harfil ‘illat (mbucal huruf
‘illat)
I’rob mawi huruf
Kalimah ingkang dipun I’rob mawi huruf puniko wonten 4
(sekawan) inggih puniko ;
1. Isim tasniyah (isim ingkang nedahaken makna 2 (kaleh))
puniko I’rob rafa’-ipun dipun tengeri mawi huruf alif, I’rob nashob lan
jer-ipun dipun tengeri mawi huruf yak
2. Isim jama’ mudzakkar saalim (isim ingkang nedahaken makna
jaler kathah) puniko I’rob rafa’ dipun tengeri mawi huruf wawu, I’rob nashob
lan jer-ipun dipun tengri mawi huruf yak
3. Asmaaul khomsah (isim ingkang 5 (gangsal)) puniko I’rob
rafa’-ipun dipun tengeri mawi huruf wawu, I’rob nashob-ipun dipun tengeri mawi
huruf alif lan I’rob jer-ipun dipun tengeri mawi huruf yak
4. Af’aalul khomsah (fi’il ingkang 5 (gangsal)) puniko I’rob
rafa’-ipun dipun tengeri mawi tsubutunnun (tetepipun nun), I’rob nashob lan
jazm-ipun dipun tengeri mawi hadzfunnun (mbuang nun)
Babul Af’aal
Kalimah fi’il puniko wonten werni 3 (tigo) inggih puniko ;
1. Fi’il madhi inggih puniko pundi-pundi kalimah ingkang
nedahaken makna kanthi piambakipun kalimah tur sesarengan kalian zaman madhi
(zaman ingkang sampun dipun lampahi). Tetengeripun kalimah fi’il madhi inggih
puniko akhiripun patut dipun panjingi tak ta’nis sakinah (huruf tak ingkang
pejah ingkang kangge nedahaken makna estri “perempuan”. Nahwu : nashoro …
nashorot. Kalimah fi’il puniko dipun fathah akhiripun selami-laminipun, wonten
kalanipun fathah puniko dhohir kados lafadz nashoro (menolong) utawi fathahipun
muqoddar kados lafadz saroo (berjalan), fatahtu (saya membuka) ”fathahipun
fi’il madhi dipun sukun”, fatahuu (mereka membuka)”harokat fathahipun fi’il
madhhi dipun gantos dhommah”.
2. Fi’il mudhori’ inggih puniko pundi-pundi kalimah fi’il
ingkang nedahaken makna kanthi piambakipun kalimah ingkang sesarengan zaman
chaal (zaman ingkang saweg dipun lampahi) utawi zaman istiqbaal (zaman ingkang
bade dipun lampahi). Tetengeripun puniko dipun kawiti salah setunggalipun huruf
mudhoro’ah inggih puniko ; hamzah = anshuru (saya akan menolong), nuun =
nanshuru (kita akan menolong), yak = yanshuru (dia (lk) akan menolong), taak =
tanshuru (kamu (lk) akan menolong atau dia (pr) akan menolong). Fi’il mudhori’
puniko dipun rafa’aken selawasipun kejawi kepanjingan ‘amil nashib (ingkang
waget ndadosaken fi’il mudhori’ dados nashob) utawi ‘amil jazim (ingkang waget
ndadosaken fi’il mudhori’ dados jazm).
Ewondenten ‘amil nashib puniko wonten 10 (sedoso) inggih
puniko :
a) An, nahwu : yuhibbuni antaftahal baaba (dengan kamu
membuka pintu itu, hatiku menjadi senang)
b) Lan, nahwu : lan aquuma (saya tidak akan bangun)
c) Idzan, nahwu : idzan ukrimuka (ketika itu, aku akan
memuliakanmu)
d) Kay, nahwu : nashortu kay aakhudzul maala (saya akan
menolong supaya saya mendapat uang)
e) Laamu kay, nahwu : ji’tu liaqroal qur’aana (aku datang
supaya aku membaca al-qur’an)
f) Laam juhud, nahwu : wamaa kaanallohu liyu’adzdzibahum
(tidaklah Allah ingin menyiksa mereka)
g) Chatta, nahwu : chattaa adkhulal jannata (sehingga aku
masuk ke surga)
h) Jawab bil faa’, nahwu : aqbilfauhsina ilaika
(menghadaplah, maka aku akan berbuat baik kepadamu)
i) Jawab bil waawi, nahwu : laa tadkhulil baita
wau’adzdzibaka (janganlah kamu masuk ke rumah itu besertaan ketika kamu masuk,
aku akan menyiksamu)
j) Jawab bi au, nahwu : uqtulil kaafiroau yuslima (bunuhlah
orang kafir itu! Jika tidak ajaklah dia menjadi muslim)
Wondenten ‘amil jazim puniko wonten 18 (wolulas) inggih
puniko ;
a) Lam, nahwu : lam aqum (saya tidak akan berdiri)
b) Lammaa, nahwu : lammaa yaghzuu ihsaanun (ihsan sudah
tidak perang)
c) Alam, nahwu : alam nashroh laka shodroka? (apakah aku belum
membuka dadamu?)
d) Alammaa, nahwu : alammaa uhsin ilaika? (apakah aku belum
berbuat baik kepadamu?)
e) Laam amr, nahwu : liyunfiq dzuu sa’atin (bernafaqohlah
bagi yang mempunyai kelebihan nikmat)
Laam du’a, nahwu : liyaqdhi ‘alainaa robbuka (supaya tuhanmu
mencukupi kita)
f) Laa nahi, nahwu : laa taqum ‘indii (janganlah berdiri di
depanku)
Laa du’a, nahwu : robbanaa laatuaakhidznaa (wahai tuhan
kami, janganlah engkau menyiksa kami)
g) In, nahwu : in qooma zaidun qumtu (jika zaid berdiri,
maka aku juga berdiri)
h) Maa, nahwu : wamaa af’aluu ya’lamhuullohu (sesuatu yang
aku kerjakan pastilah Allah mengetahuinya)
i) Man, nahwu : man yaf’al bihoirin ya’lamhu (barang siapa
berbuat kebaikan, maka dia akan mengetahuinya)
j) Mahmaa, nahwu : mahmaa taqum aqum (ketika kamu berdiri,
aku juga berdiri)
k) Idzmaa, nahwu : idzmaa yaqum bakrun aqum (jika bakar
berdiri, maka aku juga berdiri)
l) Ayyun, nahwu : ayyun taf’al af’al (dimanapun ketika kamu
melakukan pekerjaan, aku melakukannya juga)
m) Mataa, nahwu : mataa ta’tinaa ukrimuka (ketika kamu
datang kepadaku, aku akan memuliakanmu)
n) Ayyaana, nahwu : ayyaana taqum aqum ma’aka (dimanapun
kamu berdiri akupun berdiri disampingmu)
o) Aina, nahwu : aina tajlis ajlis ma’aka (dimanapun kamu
duduk, akupun duduk disampingmu)
p) Annaa, nahwu : annaa taq’ud aqum (ketika kamu duduk, maka
aku berdiri)
q) Haitsumaa, nahwu : haitsumaatastaqim yuqoddir lakallohu
najaahan fii ghoobiril azmaan (ketika kamu beristiqomah, maka Allah akan mentaqdir
dirimu menjadi orang yang selamat di akhir zaman)
r) Kaifamaa, nahwu : kaifamaa taqro’ aqro’ ma’aka
(bagaimanapun kamu membaca, akupun membaca sama sepertimu)
s) Idza khusus manggen wonten ing syi’ir. Nahwu : istaghni
maa aghnaaka robbuka bilghinaa * waidza tushibka khoshoshotun fatahammali
(bercuukup-cukuplah kamu, maka tuhanmu akan membutmu menjadi kaya * dan ketika
kamu dilanda kekurangan, kamu akan tetap bertahan atas cobaan itu)
3. Fi’il amar inggih puniko setunggalipun kalimah fi’il
ingkang nedahaken makna perintah tur sesarengan kalian zaman istiqbaal (zaman
ingkang bade dpun lampahi). Dene tetengeripun inggih puniko patut dipun
panggihi yak muannatsah mukhotobah (huruf yak ingkang maedahi kangge tiang
ingkang dipun ajak guneman ingkang estri). Nahwu : uf’ul …. Uf’ulii. Fi’il amar
puniko dipun jazemaken (dipun sukun) selawasipun. Kejawi naliko pinanggih syaik
dados mabni hadzfunnun, naliko pinanggih huruf ‘illat dados mabni hadzfu harfil
‘illat, naliko pinanggih nun taukid tsaqilah utawi khofifah dados mabni fathah.
Bab Marfuu’atil Asmaa
Isim ingkang dipun rafa’aken puniko wonten 7 (pitu) inggih
puniko ;
1. Faa’il inggih puniko setunggalipun isim ingkang dipun
tutur fi’ilipun wonten sakderengipun fa’il puniko. Isim fa’il dipun bagi dados
2 (kaleh) inggih puniko ;
a) Isim dhohir inggih puniko isim ingkang nedahaken
seunggalipun perkawis kanthi mboten mawi qorinah ghoibah utawi hudzur. Nahwu :
qooma zaidun (zaid berdiri), qoomatil hunuudu(beberapa hindun berdiri),
qoomaakhuuka (saudara (lk) kamu berdiri).
b) Isim dhomir inggih puniko isim ingkang lafadzipun
nedahaken makna mutakallim (aku), mukhotob (siro), ghoib (deweke). Nahwu :
qumtu, qumnaa, qumta, qumti, qumtuma, qumtum, qumtunna, qooma, qoomaa,
qoomataa, qoomuu, qumna (aku berdiri, kita berdiri, kamu (lk) berdiri, kamu
(pr) berdiri, kamu berdua berdiri, kamu semua (lk) berdiri, kamu semua (pr)
berdiri, dia (lk) berdiri, mereka berdua (lk) berdiri, mereka berdua (pr)
berdiri, mereke semua (lk) berdiri, mereka semua (pr) berdiri)
2. Maf’ul lam yusamma fa’iluhu inggih puniko maf’ul ingkang
ngenggen-nggeni panggenanipun fa’il kanthi mboten nutur fa’il, lan isim puniko
dumawah saksampunipun fi’il ingkang mabni majhul. Nahwu : futihal baabu (pintu
itu terbuka). Anggenipun ndamel fi’il ingkang mabni majhul inggih puniko menawi
fi’il madhi dipun dhommah huruf ingkang awal lan dipun kasroh huruf
sakderengipun akhir, nahwu : fataha dados futiha. Dene menawi fi’il mudhori’
inggih puniko dipun dhommah huruf ingkang kawitan lan dipun fathah huruf
sakderengipun akhir, nahwu: yaftahu dadosyuftahu. Maf’ul lam yusamma fa’iluhu
puniko ugi dipun bagi dados 2 (kaleh) inggih puniko ;
a) Isim dhohir, nahwu : futihal baabu (pintu itu dibuka),
yuftahul baabu (pintu itu akan dibuka), yukromu zaidun (zaid itu dimuliakan)
b) Isim dlomir, nahwu : futihtu, futihna, futihta, futihti,
futihtumaa, futihtum, futihtunna, futiha, futihat, futihaa, futihataa, futihuu,
futihna (aku dibuka, kita dibuka, kamu (lk) dibuka, kamu (pr) dibuka, kamu
berdua dibuka, kamu semua (lk) dibuka, kamu semua (pr) dibuka, dia (lk) dibuka,
dia (pr) dibuka, dia berdua dibuka,mereka semua (lk) dibuka, mereka semua (pr)
dibuka)
3. Mubtadak lan khobar inggih puniko setunggalipun tarkib
ugi ingkang dipun rafa’aken ingkang setunggal kalian setunggalipun puniko saling
gegantungan. Nahwu : zaidun qooimun (zaid berdiri) “lafadz zaidun dados
mubtadak lan lafadz qooimun dados khobar”.
Mubtadak puniko dipun bagi dados 2 (kaleh) inggih puniko
dzohir lah dlomir. Ingkang dhohir kados isim ingkang sampun dipun tutur wonten ngajeng,
nahwu : zaidun, bakrun, baitun lan lentu-lentunipun. Dene ingkang dlomir inggih
puniko : huwa, humaa, hum, hiya, hunna, anta, antumaa, antum, anti, antunna,
ana, nahnu (dia (lk), dia berdua (lk/pr), mereka (lk), dia (pr), mereka (pr),
kamu (lk), kamu berdua (lk/pr), kamu semua (lk), kamu (pr), kamu semua (pr),
saya, kita)
Dene khobar puniko ugi wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko
mufrod lan ghoiru mufrod.
Ø Khobar mufrod , nahwu : zaidun qooimun, zaidaani
qooimaani, zaiduuna qooimuuna
Ø Khobar ghoiru mufrod puniko wonten werni 4 (sekawan)
inggih puniko : jar majrur nahwu zaidun fiddaari (zaid di rumah), dzorofnahwu
zaidun ‘indaka (zaid di sampingmu), fi’il lan fa’il nahwu zaidun qooma abuuhu
(ayah zaid itu berdiri), mubtadak khobarnahwu zaidun ibnuhuu qooimun (anak zaid
itu berdiri)
‘amil ingkang manjing lan waget ngrubah susunanipun mubtadak
lan khobar puniko wonten 3 (tigo) inggih puniko;
Ø Kaana lan sederekipun puniko ngrafa’aken mubtadak lan
nashobaken khobar, nahwu :zaidun qooimun dados kaana zaidun qooiman (zaid
berdiri). Dene sederekipun kaana inggih puniko : amsaa (manjing esuk), ashbaha
(manjing esuk), adlzha (manjing wektu dluha), dzolla (wis dadi), baata
(sewengi-wengi), shooro (dadi), laisa (ora ono), maa zaala (ora ilang-ilang), maa
infakka (ora wis-wis), maa fati a (ora lebar-lebar), maa bariha (ora
liren-liren), maa daama (selagine langgeng) lan perkawis ingkang dipun tashrif
saking lafadz ingkang sampun kasebat. Nahwu : kaana yakuunu kun (ada, aka nada,
jadilah)
Ø Inna lan sederekipun puniko nashobaken mubtadak lan
ngerafa’aken khobaripun, nahwu :zaidun qooimun dados inna zaidan qooimun (zaid
berdiri). Dene sederekipun inna inggih puniko : anna (setuhune), lakinna
(tetapine), kaanna (koyo-koyo setuhune), laita (menawane), la’alla (menawane).
Nahwu : laita bakrun munfaridan (seumpama bakar itu sendirian)
Ø Dzonna puniko ndadosaken mubtadak lan khobar dados maf’ul
kalehipun dzonna, nahwu :zaidun qooimun dados dzonantu zaidan qooiman (saya
mengira zaid itu berdiri). Dene sederekipun dzonna “dzonantu” inggih puniko :
hasibtu (nyono sopo ingsun), khiltu (nyono sopo ingsun), za’amtu (nyipto sopo
ingsun), roaitu (nekodake sopo ingsun), ‘alimtu (ngyakinake sopo ingsun),
wajadtu (wes nemu sopo ingsun), ittakhodztu (ngalap sopo ingsun), ja’altu
(ndadeake sopo ingsun), sami’tu (ngerungu sopo ingsun). Nahwu : ‘alimtu zaidan
qooiman (aku yakin bahwa zaid itu berdiri)
4. Na’at inggih puniko isim ingkang anut dating man’ut
(perkawis ingkang dipun anut) ing dalem babagan 4 (sekawan) perkawis, inggih
puniko ;
Ø I’rob-ipun
Rafa’, nahwu : jaa zaidun al ‘aaqilu(zaid yang berakal itu
sudah datang), nashob, nahwu : roaitu zaidan al ‘aaqila (saya melihat zaid yang
berakal), khfadz (jer),nahwu : marortu bizaidin al ‘aaqili (saya berjalan
bertemu dengan zaid yang berakal),
Ø Ta’rif-ipun
Isim Ma’rifat (isim ingkang sampun dipun mangertosi
kahananipun) puniko wonten werni 5 (gangsal) inggih puniko :isim dlomir nahwu
ana (saya), anta (kamu) lan lentu-lentunipun,isim ‘aalam (isim ingkang tedah
makna barang/perkawis wonten ing ngalam dunyo) nahwu : zaidun (zaid), bakrun
(bakar), makkata (makah), ‘umaru (umar) lan lentu-lentunipun, isim isyaroh
(isim ingkang kengge isarat) nahwu : hadza (inilah), dzalika (itulah) lan
lentu-lentunipun, isim ingkang kepanjingan al ta’rif nahwu al baitu (rumah
itu), al masjidu (masjid itu), al ghulaamu (ghulam itu), al fulaanu (fulan itu)
lan letu-lentunipun, isim ingkang mudhof dating kalimah isim ingkang lentunahwu
baitu zaidin (rumah zaid), abuu bakrin (ayah dari bakar), ibnu ihsaanin (putra
dari ihsan), baitul maal (rumah harta) lan lentu-lentunipun.
Isim nakiroh (isim ingkang maknanpun sumerambah) dateng
jenis “mboten tertentu dateng setunggal jenis” nahwu : rojulun (lelaki), baitun
(rumah), jamiilun (bagus) lan lentu-lentunipun. Dene pelanggeranipun isim
nakiroh inggih puniko pundi-pundi wonten kalimah isim patut menawi dipun
panjingi al (alif laam).
Ø Tadzkir-ipun
Mudzakkar inggih puniko isim ingkang tedah makna jaler
“laki-laki” nahwu : jaa a zaidun al ‘aaqilu (zaid yang berakal itu sudah
datang), roaiturrojulal kariima (saya melihat lak-laki yang mulia)
Muannats inggih puniko isim ingkang tedah makna estri
“perempuan” nahwu : roaitul muslimaati ashsholihaati (saya melihat beberapa
orang muslim (pr) yang shollihah), marortu bihhindin al ‘aaqilati (saya
berjalan bertemu dengan hindun yang berakal)
Ø Tafrid-ipun
Mufrod inggih puniko isim ingkang tedah makna setunggal
nahwu marortu birojulin kariimin (saya berjalan bertemu dengan laki-laki yang
mulia) “lafadz kariimin dados na’atipun lafadz rojulin”
Tasniyyah inggih puniko isim ingkang tedah makna 2 (kaleh)
nahwu : laqoitu birojuulaini karimaini (saya berjumpa dengan dua orang
laki-laki yang mulia keduanya) “lafadz kariimaini dados na’at saking lafadz
rojuulaini”
Jama’ inggih puniko isim ingkang tedah makna kathah (tigo
sak peminggah) nahwu : roaitu zaidiina kaarimiina (saya melihat zaid banyak
yang mulia semuanya)“lafadz kaarimiina dados na’atipun lafadz zaidiina”
5. ‘athof inggih puniko isim ingkang dipun anutaken dateng
isim ingkang dumawah sakderangipun mawi perabot (huruf) ’athof. Dene huruf
athof puniko wonten 10 (sedoso) inggih puniko ;
Ø Wawu, nahwu : jaa a zaidun wa‘amrun (zaid dan umar sudah
datang)
Ø Faa’, nahwu : roaitu zaidan fabakron (saya melihat zaid
lalu saya melihat bakar)
Ø Tsumma, nahwu : marortu bizaidintsumma bakrin (saya
berjalan bertemu zaid lalu bakar)
Ø Au, nahwu : jaa a ahmadu aukhoolidin (ahmad atau kholid
sudah datang)
Ø Am, nahwu : jaa at hindun amfaathimatu (hindun atau
Fatimah sudah datang)
Ø Immaa, nahwu : al insaanu immaarojulun waimmaa nisaa’un
(manusia itu adakalanya laki-laki dan adkalanya perempuan)
Ø Bal, nahwu : ma jaa a zaidun bal‘amrun (zaid tidak datang
melainkan umar)
Ø Laa, nahwu : roaitu bakron laaabaaka (saya melihat bakar,
bukan ayahmu)
Ø Laakin, nahwu : laa yaquumu zaidun lakin bakrun (bukanlah
zaid yang berdiri melainkan bakar)
Ø Hattaa, nahwu : akaltussamakatahattaa ro’saha (saya
memakan ikan sampai kepalanya)
6. Taukid inggih puniko isim ingkang kangge ngiataken
guneman mawi perabot (huruf) taukid. Dene huruf taukid puniko wonten 4
(sekawan) inggih puniko:
Ø Nafsun, nahwu : roaitu zaidannafsahu (saya melihat zaid
sendirian)
Ø ‘ainun, nahwu : jaa at hindun‘ainuha (diri hindun sudah
datang)
Ø Kullun, nahwu : jaa al qoumukulluhum (qoum itu sudah
datang semuanya)
Ø Ajma’u, nahwu : roaitul qoumaajma’uhum (saya melihat qoum
itu seluruhnya)
Lafadz ingkang waget nggantosi lafadz ajma’u inggih puniko :
akta’u, abta’u, absho’u. semua lafadz tersebut mempunyai makna yang sama
yaituseluruhnya.
7. Badal inggih puniko setunggalipun isim ingkang manut
dateng mubdal minhu (isim ingkang dipun badali) kanthi mboten mawi perabot
(huruf). Dene tarkib badal puniko wonten werni 4 (sekawan) inggih puniko :
Ø Badal syaik minasysyaik utawi dipun sebat badul kull min
kull inggih puniko setunggalipun kalimah ingkang badalipun puniko termasuk
kahananipun mubdal minhu. Nahwu : jaa a zaidun akhuuka (zaid “saudara laki-laki
kamu” sudah datang)
Ø Badal ba’dl min kull inggih puniko setunggalipun kalimah
ingkang badalipun puniko setengahipun bagian saking mubdal minhunipun. Nahwu :
akaltussamakata tsulutsahu (saya memakan ikan sepertiganya)
Ø Badal isytimaal inggih puniko pundi-pundi badal ingkang
kawontenan badal puniko dipun wengku wonten mubdal minunipun. Nahwu : nafa’a
zaidun ‘ilmuhu (ilmu zaid itu dapat bermanfaat)
Ø Badal gholath inggih puniko tarkib badal ingkang lepat
ngangge artos bilih badalipun puniko mboten kahananipun utawi setengahipun
bagianipun mubdal minhunipun. Nahwu : rokibtu zaidan alfarosa (saya naik zaid
(kuda))
Bab Manshubatil Asmaa
Isim ingkang dipun nashobaken puniko wonten 15 (gangsal
welas) inggih puniko ;
1. Maf’ul bih inggih puniko kalimah ingkang dipun nashobaken
ingkang dumawah saksamppunipun pendamelanipun fa’il. Nahwu : rokibtul farosa
(saya naik kuda). Maf’ul bih puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko isim
dzohir, nahwu : rokibtul farosa (saya naik kuda) lan isim dlomir. Isim dlomir
puniko wonten werni 2 (kaleh) inggih puniko muttashil lan munfashil, dene
dlomir muttashil kadosto : fatahanii (mbukak ing ingsun), fatahaka(mbukak ing
siro), fatahakum (mbukak ing siro lanang akeh) lan lentu-lentunipun, lan dlomir
munfashil kados : iyyaaya (ing ingsun), iyyaanaa (ing kito), iyyaaka (ing siro
lanang siji), iyyaakuma (ing siro 2 (loro)), iyyaakum (ing siro lanang akeh)
lan lentu-lentunipun.
2. Mashdar inggih puniko isim ingkang dipun nashobaken
ingkang dumawah kaping tigonipun tashrif kalimah fi’il. Mashdar puniko wonten
werni 2 (kaleh) inggih puniko lafdzi lan maknawi. Ingkang lafdzi kados lafadz :
qotaltuhu qotlan (aku membunuhnya dengan sebenar-benarnya membunuh)
“mashdaripun rupi lafadz qotlan sami kalian fi’ilipun inggih puniko qotaltu”,
dene ingkang maknawi kados lafadz : jalstu qu’uudan (saya duduk dengan
sebenar-benar duduk) “mashdaripun rupi lafadz qu’uudan mbenteni fi’ilipin
inggih puniko jalastu, ananging nggadahi makna ingkang sami inggih puniko
Lungguh”
3. Dzorof inggih puniko pundi-pundi kalimah ingkang
nedahaken makna zaman (dzorof zaman)/panggenan (dzorof makan). Dzorof zaman
kados lafadz : akaltu lailatal itsnaini (saya makan pada malam senin), dzahabtu
minalbaiti bukrotan (saya pergi dari rumah pagi-pagi sekali), al insaanu la
yahyaa Abadan(manusia itu tidak hidup selamanya). Dene dzorof makan kados
lafadz : al ustaadzuamaamashshinfi (guru itu di depan kelas), qumta ‘indii
(kamu berdiri di desampingku), jalasa zaidun ‘alal kursiyyi (zaid duduk di atas
kursi)
4. Chaal inggih puniko isim ingkang nerangaken setunggalipun
isim ingkang tasih samar tingkahipun, chaal puniko kedah isim nakiroh lan edah
tumibo sak sampunipun sempurnanipun kalam. Nahwu : laqoitu ‘abdallohi rookiban
(saya bertemu abdullah naik kendaraan), jaa at faathimatu rookiban (Fatimah
datang dengan naik kendaraan), jaa a zaidunsyaakhishon (zaid datang dengan
sendirian)
5. Tamyiz inggih puniko isim ingkang mertelaaken kahananipun
(dzat) isim ingkang samar lan kedah tumibo nakiroh lan sak sampunipun
sempurnanipun kalam. Nahwu : thooba muhammadun nafsan (diri Muhammad itu baik
sekali), isytaroitu tsalaatsan kitaaban (saya membeli tiga buah kitab), zaidun
akromu minkaaban wa umman (ayah dan ibu zaid itu lebih baik daripada kamu)
6. Istisnaa’ inggih puniko pengecualian/penjabaan, huruf
ingkang kangge perabot istisnaa’ puniko wonten 8 (wolu) inggih puniko : illa
(kejobo/kecuali), ghoiru (sakliane/selain), siwan (selain), suwan (selain),
sawaaun (selain), kholaa (selain), ‘adaa (selain), chaasyaa (selain). Istisnaa’
ngangge illa puniko naliko kalamipun kalam taamm muujab (kalam ingkang sepi
saking naïf) puniko istisnaa’ipun kedah nashob. Nahwu : qoomal qoumu illa
zaidan (qoum itu berdiri kecuali zaid), dene menawi kalamipun puniko kalam
manfi (kalam ingkang dipun kawiti huruf naïf) puniko istisnaa’ipun kenging
dipun rafa’aken lan dipun nashobaken. Nahwu : maa qoomal qoumu illa
zaidan/zaidun (qoum itu tidak berdiri kecuali zaid), dene menawi istisnaa’ mawi
kholaa, ‘adaa lan chasyaa puniko kengng dipun nashobaken lan kenging dipun
jeraken. Nahwu : qoomal qoumu chasyaa zaidan/zaidin wa ‘adaa bakron/bakrin wa
kholaa ihsaanan/ihsaannin(qoum itu berdiri kecuali zaid, bakar dan ihsan)
7. Laa linafyil jinsi. Nahwu : laa rojula filbaiti (tiada
seorangpun di dalam rumah), laa ilaaha illallohu (tiada tuhan selain Allah)
8. Munadaa inggih puniko setunggalipun perabot ingkang kangge
pengundang. Dene isim ingkangdipun nashobaken mawi munaada puniko wonten 3
(tigo) inggih puniko ;
Ø Isim nakiroh ghoiru maqshudah inggih puniko rupi isim
nakiroh ingkang mboten dipun sejo, nahwu : yaa rojulan aqbil (wahai lelaki
menghadaplah)
Ø Mudlof. Nahwu : yaa rosulallohi (wahai utusan Allah)
Ø Syibhul mudlof. Nahwu : yaa thooli’an jabalan (wahai orang
yang naik gunung)
9. Maf’ul min ajlihi isim utawi mashdar ingkang dipun
nashobaken tur dumawah pendamelan. Nahwu : qumtu ijlaalan lizaidin (saya
berdiri karena mengagungkan zaid), waqoftaihtirooman libakrin (kamu berdiri
karena memuliakan bakar)
10. Maf’ul ma’ahu inggih puniko isim ingkang mertelaaken
setunggalipun kalimah ingkang dipun nashobaken tur dipun lampahi sareng-sareng
kalian fa’il. Nahwu : jaa al amiiru waljaisya (raja itu datang bersama-sama
dengan tentaranya)
11. Kangge nomor 11 lan nomer 12 inggih puniko khobaripun
kaana sak sederekipun lan inna sak sederekipun. Dene kekalihipun sampun
katerangaken wonten ing bab ingkang sampu kliwat.
Bab Makhfudlotil Asmaa
Isim ingkang dipun jeraken puniko wonten 3 (tigo) inggih
puniko ;
1. Dipun jeraken mawi huruf inggih puniko sedoyo kalimah
isim ingkang dipun jeraken mawi huruf jer, mudz lan mundzu. Nahwu : jalastu
‘alalkursiyyi (saya duduk di atas kursi), ji’tumudz/mundzu yaumil jum’ati (saya
datang sudah dari hari jum’at)
2. Dipun jeraken mawi idloofah puniko dipun bagi dados 2
(kale) inggih puniko ;
a) idlofah dipun kira-kiraaken laam, nahwu : maalu zaidin
(harta zaid)“dikira-kira maalu lizaidin [harta milik zaid]”.
b) idlofah dipun kira-kiraaken min, nahwu : baabu saajin
(pintu kayu jati) “dikira-kirakan baabun min saajin [pintu dari kayu jati]”
3. Dipun jeraken mawi tawabi’. Dene tawabi’ puniko ugi
sampun katerangaken wonten bab ingkang sampun kliwat inggih puniko na’at,
‘athof, taukid lan badal.
Wa Allohu A’lam..
By : Jokosungsang